Tattwa / Tutur Candrabherawa dengan Yudistira


Alih Aksara Tutur Candrabherawa

OṀ, Awighnamastu

 

Tan wuwusěn, sāmpun pagantya-gantya ning tahun, akwéh sāmpun sampūrṇa, pratéka ning swakarma Tri Kāya Pariśuddha, muwah sang catur Pāṇḍawa, inutus dé Hastinapati, manglwadi kang paradéśa, ikang wwang turung matūténg karma sanyāṣa, dénya kātūr ring Śri Mahārāja, Sang amutěréng Hastina Nāgara, ya ta don ira Sang Catur Pāṇḍawa padha aduduwan lampah, kalungha- lungha laku nira sang Bhīmaséna, amanggih ta ya bhūmi ring érsanya déśa kawěkas, abha sinang hana ring déśa ngkana, malěba marata parimaṇḍalanya, bañunya malaṇḍung tan anangsal.

Lumaris ta Sang Wṛkodhara mara ngkana, apan maṇḍa ri lěbak hunurnya, sāgara gunungnya tan madoh dahat. Lumaris ta Sang Bhīma matūt hawan, mamanggih ta ya wang roro, maguṇita ring sor ring taru  wungu,  marangka ta Sang Bhīmaséna, ri samipaning wwang roro, mararyan ta sira amrihakěn dawak ikang wwang kalih, mawarah tayéng arinya, ling nika: “Yayi Wiṣṇu, hana riněngön wratta yayi, Śri Hastinapati rakwa, anglarakěn widhiwédana mangké, wruh pwa kita yayi Wiṣṇu?” Ling arinya:

Nuyuktam gajahé pakṣyam

“Singgih kaka Brahmā, wruh arinta I tatwa mangkana, tingkah ing wwang magawé sanggar děngěn, tan wurung magawé dwapara ning indhěp, mangkana swagati nika, yan ring sanggar děngěn para ning idhěp, sakingke mūlanya ngūni, apan akwéh swabhāwa ning wwang ginawé dé Bhaṭāra, akwéh swakara ning Déwa-déwa ning wwang, dényan akwéh śūnyaning śūnya ling ing tutur, syapa wěruh, ring warṇa ning Déwa, manahnya dawak magawé Déwa, agawé paran, magawé   sanggah   děngěn,   yéka   gawénan   bantěn,   sangapa     kumawruhnya

tumariméng bantěn, ndan kurang lěwih ing wédhana, awaknya juga amangun sukha dukha, tan hana déwa manggah kurang lěwih, adyapi sang singgah wiku amūja bantěn, yan salah pūja sira, tan hana déwa angujarakěn salah tikang pūja, sihhdāwak juga wruh ri salah kěnanya, mangkana kaka Brahmā”.

pramoddhaṃ Brahmā vaksyami.

Ling Si Brahmā: “Tuhu yayi Wiṣṇu, yan mangkana, apa doning mangkana, yan ing wwang prajña yāśrayéng Déwa, Déwa prajñānganugrahé sira, apan Déwa ngūni mūla ning śarīra, śarīra juga mangké, mūla ning Déwa, tan sadhya citta kakanta yéka, ri kang wwang magawé bantěn, ngabhakti ring Sanggar Kabuyutan, apan hanéng śarīra ikang déwa mangké, ring śarīra juga ulikěn, śinuddha ring tutur Maya Sukṣma, énak dénta yayi anglarakěn ajinta”.

Svanaḥ brahmacaté Viṣṇu, Téyacakaḥ naraḥ tathaṃ, Dārśakaṃ kayavigrahaṃ, Caṅgra ménjatihiréṇaḥ.

Ling Si Brahmā: “Yayi Wiṣṇu, wwong aparan kana samipan ta, dārśaniya windwani pangawaknya, měnggěp wruhéng sarwa yudha, lah takonanan Yayi Wiṣṇu”.

Ling Si Wiṣṇu: “Indah Ta kita, wwong aparan kita, dhatěng parangké, apan tan hana wwong mingkéné rūpanya hana ngké, ndak warah duga-duga”.

Bāyusutaṣṭu méwaca.

Ling Sang Bhīma: “Kami Kṣatriya Pāṇḍawa, panghulu Śri Yudhīṣṭira, maka ngaran Bhīmasena. Kunang kita wwang aparan ta maka rwang siki, réhanta riněngön mami, hana Brahmā hana Wiṣṇu lingata, ndah warah kawwangan ta”. Sumahur ta Sang Brahmā:




Beryadnya dengan Sharing

Tak akan Mengurangi Pengetahuan

HALAMAN TERKAIT
Baca Juga