Tattwa / Tutur Candrabherawa dengan Yudistira


Mangkana ling śrī Candrabhérawa

Vṛsadavaḥkopatyaśca, Bhéravyaṃ sapatna naraḥ, Nivédyaṃ dévatārcanaṃ, Gṛhyaté déva codikaḥ.

Ling Sang Bhīma: “Singgih śrī Bhérawa, kita maninda ikang wwang magawé parhyangan, wwang mabantěn maněmbah déwa, apan pawangun nira Sang Hyang Widhi śastra ika, inaywan dé sūra sangghya, pañuddhamala ning dadi wwang. Kunang yan wongé tan pāgama, dudu sinanggah wwang ngaranya himpěr sarwa praṇi, mwang sarwa saṭo gatinya, kita mangké ri Déwantara kabéh, apa swajāti ning swakarman ta, dén aběněr atūrakěna kami ri śrī Kṛṣṇa Yudhīṣṭira”.

Śakti bhṛt dévāntaraśca.

Ling śrī Bhérawa: “Singgih Narārya Bhīma, tan hana kami paninda pagawé ning Déwa kabéh, ri śūkṣma ning agama tiga, kadi lingan ta, ikang yan tan anūt ing igama tiga, sadrěs lawan saṭo ikang wwang, sungsang carik lingan ta, kita mawalik magawé pralingga marūpa sarpa, saṭo ring parhyangan, siněmbah ing wwang akwéh, sakṣat mungěng kawwangan ta, kami tan harěp milu ring wwang mudha mungěng, sakṣat angugwani wwang kadéwan-déwan, tan wruh ri kalingan ing tutur jāti”.

Bhajanaṃ dharyaté yamaḥ, Vidhaḥ śastra vivārjitaḥ, Bajradhāré nigaddhyaṣu, Naca vidhi karmé guhyaṃ.

“Mangké kita Bhīma, didi né kita wruh, ri mūla ning swakarma mami, kami mangaji Bhajradhāra ngaranya, Sang Hyang Adibuddha sahita mami, hīna kriya wāhya, apan hana Déwa Widhi ring śarīra, akwéh pwékang Wédhana hanéng śarīra gūhya, maka phala wruha mulihéng dadi, wruha ri lěpaséng dadi, maka don kacakrabhāwa muwah, apan ring śarīra mūla ning kawah loka, si pagawénya dawak amangunakěn swarga naraka, kami tan harěp ring swarga naraka, ikang wwang pāpa buddhi harěp umangguhakěnang swarga loka, swarga ciuta, naraka ciuta, yéka karwa kawyāpaka sangku kalanyan dhatang, tunggal ring těka ning sukha dukha, hanéng śarīra, nguni wéh yan hana wwang luputa ring sukha dukha karinyéng hurip, ikang wwang bhagyamanta ngaranya ring rāt, saparanya wwang mangkana, tan kinalaran déning kadang mitranya, samangkana swadharma mami, warahakěna ri tuhan ta sang Kṛṣṇa Yudhīṣṭita”. Ling sang śrī Candrabhérawa mangkana.

Hahaṃ néyaśca caranti, Mahātraya dévāntaraṃ, dvanyaṃ Bhīma gancaté, Śévyamanaḥ Yudhīṣṭiraḥ.

Mamwit ta Sang Wrěkodhara, sakéng Déwāntara Nāgara. Tan wuwusan kadohan ing hawan, dhatěng siréng Hastinapura, mātūr ri śrī Kṛṣṇa Yudhīṣṭira, kadi pangudasina śrī Candrabhérawa.

Ling śrī Kṛṣṇa: “Singgih kaka Aji śrī Yudhīṣṭira, tan padéyanyārin ta, ri pamrotsaha śrī Candrabhérawa, sugyan angěné twas ning tattwa mahā śūnya, apan akwéh prabhéda ning tutur ginawé dé Sang Hyang Widhi, tathāpi sota ning gawé ngaranya, hana juga sédakāranya salahsawiji”. Sumahur śrī Dharmaputra: “Singgih rari Mahāraja Kṛṣṇa, kaya mrěta śrī Chandrabhérawa, apan mahābhara wěkas  ing  tattwa,  těkwan  yoga  sanyaṣa  pariwrětanya,  susuk  sima  brata  sang

niśréyaṣa, wěkas ing mahottama tika, tathāpi ahyékěnéng loka drěṣṭa, tan hana kottamanya anurakěn ring loka, yan winéhaning wwang mudha durnaya.

Kunang wanéh, ikang bhūmi kurang sopakaranya, kaměnanyan tang maṇḍala tan hana sinanggah śuci campur ngaranya, yan durung inurakén niwédhya, boṇdhan ngaran ing jagat, yan mangkana”.

Ling śrī Kṛṣṇa: “Sajña śrī Yudhīṣṭir, kami amarahana, magawé dūta rumuhun, lah ya kamu ng Ki Patih Kiratha, kita kinon dénin nghulun, maréng bhūmi Déwantāra, warahakěna śrī Candrabhérawa, magawé ya sanggar kabuyutan, mwang ṣaḍ Kahyangan, yan tan hanūt kaya sadéśa mami, warahakéna mami anglurung swanāgara nira, lah kita mangkata dén énggal”. Śighra mamwit aněmbah Ki Patih Kiratha, ri paduka nira śrī Mahāraja kalih.

Tathéva dūta gaścaté, Sati dévāntara vaca, Aśrantamtamé rājyastu, Évaṃ rajéstuté pākṣaḥ.

Tan wasiténg hawang lari nikang dūta, prapténg nāgara Déwantara, sāmpu amanggih kāla déśa, tumaméng jro kadhatwan, n umarěki śrī Candrabhérawa, ling nikang dūta:

Mumam puṣpitaśca vruḍaḥ.

“Sajña Aji śrī Candrabhérawa, kami kinon dé śrī Nātha Kṛṣṇa, umatūr  I jöng śrī Bhūpati, kunang śrī Mahārraja inudéśa dé śrī Nātha Kṛṣṇa, éka pākṣa makarma sanyaṣa, hané śarīra gūhya swakirti aji ikang yoga sanyaṣa, yan ikang yoga sanyaṣa maka don śrī Aji sāmpun wruh ri sūkṣma ning yoga sanyaṣa, ring loka dṛṣṭa sinanggah kurang śrī Bhūpati. Kaměnanya hanéng sakala, ikang yaśa karma sanyaṣa juga daměl sang prabhū, tan hana ng lěmah larangan, śuci campur ngaranya, apan tan kěnéng widhiwidhana, tiniban pūja mantra samādi, bondhan lwir ikang pṛthīwi, alpanāmṛta palapa ning bhūmi, salwir ing phala bungkah phala gantung, padha hīna ṣaḍ raṣanya kojar ing śāstra, gati ning wwang hīna praṇamya ri śrī Bhasundarī, amintāmṛta ning bhuwana, tan sukha amběk Sang Hyang śrīdéwi, mulat ing wwang tan pāgama, apan sira hyang-hyang ing sarwa wija, mangkana kacitta dé śrī Nātha Yudhīṣṭira, kumwa don si paṭik bhūpati, inutus

dhatěng parangké, maka ngaran si Patih Kiratha mami. Kunang ling śrī Nātha Kṛṣṇa, inudéśa dé śrī Aji magawé Sanggar kabuyutan, mwang ṣaḍ Kahyangan, tathāpi yan tan angga sang Bhūpati manūtakěna, dén agya sang Naréndra amangunakěna byūta, linurug swanāgara Aji dé śrī Mahārāja Kṛṣṇa, mwang sang Pāṇḍawa, měné saptang diwasa harěp dhatěng parangké, mahyun ring sanggrama kārya, dén agya sang Nātha rabdang sañjata, samangkana pangupadéśa śrī Nātha kalih, sang amutěréng Hastinapura”.




Beryadnya dengan Sharing

Tak akan Mengurangi Pengetahuan

HALAMAN TERKAIT
Baca Juga