Tattwa / Tutur Candrabherawa dengan Yudistira


Nanārmaṃ śravanaḥ jano, Priya vāditya mityatuḥ, kirataḥ makyanaṃ dṛṣṭaṃ, prahitaśca janārdanaḥ.

Gumuyu śrī Candrabhérawa, saha priya wacana: “Dhū kamung kita patih Kiratha, ah ah, mangkana ling śrī Nātha kalih,  sang amutěréng Bharatawarṣa, salah harěp kami maguṇita lawan kita, běcikana kita pamantuka juga, warahakěn kami tan kimuténg śatru śakti, saděk singgih tuhan ta kalih, mangayam-ngayam kami wruh, ri kamahātmyan sang Nātha Kṛṣṇa, apan si Kṛṣṇa juga makāmběk ang krodha ri kami, kaniścayannya, apan Wiśṇu Mūrthi, réh brahmātya katattwanya Sang Hyang Wṣṇu ngūni, kasapa dé Sang Hyang Gaṇa, duk hana ring Yawadwipa Maṇḍala, mangkana kamu ng dūta, warahakěna śabda mami ri tuhan ta si Kṛṣṇa”.

Nahan Ling śrī Candrabhérawa.

Tyajatī dūta mityuktaṃ, druhaḥ vugaśca sambhavāḥ, akulaṃ hastinaṃ dhipaṃ, atyarthaṃ pacaté dado.

Mawit pwékang dūta, wawang lumaris,. Tan kawasiténg hawan, prapténg Hastina Rājya, tumaméng dalěm kadhatwan, n umarěk ri śrī Mahārāja, tělas inaturakěn sapawarah śrī Candrabhérawa. Krodhāmběk mahāraja  Kṛṣṇa, hinaywan dé sang Bhīmājuṇa Nakula sahadéwa, padhāgya ghumoṣaṇang taṇḍa mantri mwang sénāpati, těkéng péka aśwa gaja wahana, padha sangkěp ing warayudha.

Byatīta ikang kāla, éñjing mangkat sang nrěpéng Hastina, saha aśwa gaja ratha sangkěpan, kéring ing péka śūra dhīra, akśohini wudhanya, aprakirṇa  padha

rabdhang sañjata, gěrěh gumětěr swara ning mrědangga kala bhéri gubar tinaběh, lwir mantwanang dik maṇḍala, mwang pasangkyaning bala śūra anguwuh, kaya kumětug ing wriyok angasut.

Yan pirang kulěm ring hawan, prapténg těpi ning Déwantara Janapada, larut ikang wwang para dusun-dusun, padhomělgiléng nāgara, mawarahéng taṇḍa mantri nira. Tandwa mangkat sang apatih Witarāga, sang apatih Mangkubhūmi, sang apatih Déwantāntaka, tumūtang bala sanggha, padhāsahéng warayudha. Tan wuwusan ikang laga, akwéh tang péka ngěmasana kaparatra, pějah sang apatih Witarāga, dé sang Arjuna, pějah sang apatih Mangkubhūmi, dé sang Wrěkodhara, pějah sang Déwantāntaka, dé sang Nakula. Irika larut sakwéh ing bala pārya.

Wawang Si Brahmā Wiṣṇu mātūr ri jöng śrī Déwāntara. Mijil śrī Candrabhérawa, saka ring jro kadhatwan, iniring ing aṣṭa déwa nira, kapwa tan winéng amawa sañjata. Ikang patih sang sāmpun pinějahan, tan wruh ri ajña sang prabhu, amrih kāya ning tuhan.

Tucapa lampah sang Nakula Sahadéwa, nganūtakěn palaywan ing ripu, kapapag śrī Candrabhérawa, mangkat tan pasañjata. Ling sang Nakula: “Angapa kita sang Candrabhérawa, mayudha tan pasañjata, ndak amét sañjata ta”.

Ling śrī Candrabhérawa: “Kamung Nakula Sahadéwa, kanyu tan wruh ri sañjatang ku, kanyu těkāmawa sañjata, nyama kita tan wruh ri tas ning sañjatan ta, tan siddha mati kami dén ta, lah tibakěn tuwěk ta ri kami”.

Krodha sang Nakula Sahadéwa, cincah kinambulan sang Bhérawa, sthiti sira tan pangrat sěngit wayawa nira. Gumuyu sang Bhérawa, sinapmbyāmét watu sira, winimbanyéng těguh ira, tumalandangi tuwěk Sang Nakula.

Sahadéwa, běntar tang watu. Ling śrī Bhérawa:

“Kamu ng Nakula Sahadéwa, běntar rikang watu déné tuwěk ta, kami tan kahanan lěwas, yan kami amalěsana kita, yaya pějah kita tan pasara”.

Kéměngan ta Sang Nakula Sahadéwa, malayu pwa sira, mangajarakěn ri kaka nira Sang Arjuna, ri těguh ira Sang Bhérawa.

Dhananjaya dhīré dhīraḥ, Bhāvéṣyat téśva gaéacati, Santa payajanti téripuh, Sanggha taśca pravākśyami.

Brahmantya amběk Sang Arjuna, bhawiṣyati mangkat sira, tumanduk  ri sang Bherawa. Ling sang partha: “Angapa kita Sang Bhérawa, malanga masalah sañjata, tan ulah ing dhīra puruṣa”.

Ling Sang Bhérawa: “Kami amawa sañjata, tathāpi kita tan wruh ri wara yudha ngku, ndah gělaran aji dhanurdharan ta kabéh”.

Mangkana ling śrī Candrabhérawa, krodha Sang Danañjaya, yinugaphat aji nira, huwus ingékatana, liněpasakěn tang śara sampata, mwang Sang Hyang Paśupati astra. Tan pangrat sěngit sang Bhérawa, ling nira: “Kamu ng Arjuṇa, tan mati kai déné warayang ta iku, ikang śara sampata, mwang Paśupati, śara ngaran ing śabda, sampat ngaran ing śarīra, paśu ngaran ing běcik, pati ngaran ing sāri ning wuwus sědhěng Sang Karṇa pějah dén iki, apan ya tan wruh ri raṣa ning Paśupati, sang śukṣma ning Hyang-Hyang ning wuwus, lawan Sang Niwātakawaca, sědhěng ya pějah dén iki, apan ya ghoranāda, ring tutuk kěmbang ing ñara sampata, kawruhan ira sang watěkang aji, hanéng tutuk juga wruh nira, ndan sang turung těpět, pějah dén I sañjata iki, těkwan éwěh pamét tang wwang těpět ing ucap, déné ri kami, kaměnanya kami wruh ri sāri ing wuwus, tan kami pějah déning śara sampata mwang paśupati, adyapi tikělakěnan ta, māntra ning paśupati samūha, maka catur sargah, tan hana wwang mati déné sasonténg”. Mangkana ling śrī Déwāntara.

Nirvṛtiḥ pārtha vijnéyaḥ, Trajāstanaṃ Bhīma dhīritaḥ, Naśyanti gaṭaté pakṣaḥ, Vuddhi pralambaté kaścit.

Malajöng ta Sang Arjuṇa, mājarakěn ri kaka nira Sang Bhīmaséna. Krodha Sang wrěkodhara, śghra mangkat sira, hana taru buddhi maruhur sakol göngya, dinawut dé Sang Wrěkodhara, tandwa pinutěrnya, pinupuh Sang Bhérawa, sinawat, tinunjuh, tinunjuh, rěmpuh tékang taru buddhi, sinikěp ta sang Bhérawa, piněrěp, diněkung, dinugang, sinungsang, riněrangkěn, tan kacurṇan sang Sang Bhérawa. Něhěr pinundut Sang Bhérawa dé Sang Bhīmaséna, liněbwakěn ring sumur dahat ing ajro, akambangan tan kawěnang mingsor Sang Bhérawa. Krodha Sang Bāyusuta, muwah dinawutakěn tal mapañjang, cinucuk, sinula, tinunjah, jinalak Sang Bhérawa ri jro ning sumur. Tan wěnang sira mingsor, syuh rěmpuh

wit ing tal dé nira. Masěngit Sang Bhīmaséna, pinupakakěn tang watu sapuluh tumap dawanya, binajra Sang bhérawa hanéng jro ning sumur, rěmpuh syuh tang watu pahséwu. Ling Sang Bhérawa: “Angapa karép ta kamung Bhīma, lagi kami mājari kita, tan wruh kita ri don ing hurip ku”.




Beryadnya dengan Sharing

Tak akan Mengurangi Pengetahuan

HALAMAN TERKAIT
Baca Juga