Tattwa / Tutur Candrabherawa dengan Yudistira


Mangkana ghoṣaṇa Śrī Padmanābha.

Śrī dharma vaca jayatiḥ.

Ling Śrī Dharmasunu; “Dhū aring ku śrī Harimūrthi, kagraha Sang Bhérawa tinahan ta, angadwa jñana lawan kakanta, swadharmma ning Kṣatriya giněga dén ta. Kunang ri dangū-dangū, tan hana kasora ning Sang Brāhmaṇa sang wruh ing kalěpasan, lawan Sang Mahākṣatriya, apan bhéda kawibhāwa ning kṣatriya, lalya ring kabyudayan, nitya sinikěp ing rajah tamah, matupis tang satwa buddhi, harěp ing swarga ciuta. Kunang Sang Mahābrāhmaṇa, ikang buddhi samyak  nitya giněng nira, tan harěp siréng swarga naraka, saka wruh nira amahani Sang Hyang Tigajñana, tan wismṛti ri mūrti ning dadi wwang, kawyapakéng sukha dukha. Kunang kamantyan, niyata sor  kakan  ta mangké, ri tattwa  sang mahān,  yan   tan

mahurip Sang Bhérawa, mamwit kakan ta mangké, pakārya kita hana ngké kabéh, kami mumutūt ātma sang Bhérawa’.

Nahan ling Śrī Dharmātmaja. Vicintyavara dharméndraḥ, Kastaḥ pralīyaté nābhāṃ, Unaḥ śrī nīlakaṇṭasya, Prakamyat manca bhéravah.

Méngět sira ri pawarah Bhaṭāra dharma ngūni, kaṣṭaḥ siréng śūnya déśa, mangayapi pāda Bhaṭāra Nilakaṇṭa. Ling Bhaṭāra Guru: “Angapa putung ku laki Sang Yudhīṣṭira, prapan ta ri kami”.

Maněmbah śrī Dharmaputra: “Sajña Bhaṭāra Paraméśwara, tulusakěna wara prasadha Bhaṭāra, sadrěsālah paṭik Bhaṭāra, angadwa jñana lawan sang Bhérawa, kasépěn déni pwanghulun, ngulun aminta ātma Sang Bhérawa, an winawéng kurungannya muwah, ndya paranya mangké”.

Tryambhakaṃ śrībhūḥ mévaca.

Ling Bhaṭāra Guru: “Dhū putung ku Sang Dharmasuta, haywa kita sangśaya, kaya pangahan ta, tan hana kitāsoré angěn-angěn ta lawan Sang Bhérawa, apan erang Sang Bhérawa, kawruhan ta jñananya, an pūrwa ning Sang hyang Adibudha ngaranya, yoga sanyaṣanya, tapwan hana kārma sanyaṣa ri ya, kéwalya niśréyaśa giněgwan dé nira, tělas kagraha Sang Bhérawa dén ta, kumwa donya mamwit ri kami, ndah pametan ta mareng Antaśūnya”.

Manémbah śrī Dharmasuta. Mamwit kastaheng Antaśūnya, maka sopana aji ning Hṛktyawéda, kakarṣané Pitra Pūja, apan jāti wruh nira ring Ṣiwagarba ning ātma, Sang Hyang Samādhitraya panikěp nira, ikang śara Candra pamanah nira, kěna śrī Dewāntara, haněng kahadan ikang Aṣṭalingga, kaya wwang mudha tan paśara, pinariwrěta Dhyāni Buddha karśana, sāmpun sinikěp ātma Sang Bhérawa, śighra lumaris śrī Dharmātmaja, dhaténg laywa nira ngūni, sinurupakén ning rāga- rāga nira, sthiti niréng Śiwa Buddha Sanghita, mangilir śrī Déwāntara, maněmbah mangabhiwada sādara, ri jöng śrī Yudhīṣṭira, sira juga siněmbah nira, saha angatūrakěnputri nira, maka nāma Dyah Ratna śaśangka, dadi swapita ning nagara, sadawantara samūha.

Tan wuwusěn salapkěna nira kalih, prasama sinyang manutakéng jro kadhatwan.

Avakyaṃ paribhogésu, Catur pāṇḍava sévinaḥ, Harinca sarājaskandhaḥ, Bhogécca prāṇa nūjayét.

Apran kunang pananggraha Sang Candrabhérawa, makādi ri Mahārāja Yudhīṣṭira, mwang ri Mahārāja Kṛṣṇa, těkéng Sang Catur Pāṇḍawa, tumūt mantri nira, mwang brětya samūha. Ri pūrṇa ning pananggraha, manyapa śrī Déwāntara, mwang binyāji nira, maka nāma Déwī Bhanuraśmi, kinanti putrī nira Dyah Ratna śaśangka, pinariwrěténg pari carika nira sadaya, inatūrakěn.

Tang rājamūlya kabéh, ratna kañcana rajata wastra lěngkara, maré śrī Hastinapati.

Kṣatriyaḥ hṛvaśca vitayā.

Ling Śrī Déwāntara: “Sajña Aji Mahārāja Dharmaputra, pahalawan ta angě- angěn Paraméśwara, apan hana punagi mami ri kita prabhū, i Sang kumawruhi swacitta mami, hana putrī mami, Ni Ratna śaśangka ngaran iki, wirūpa mudha duryaśa, astamyan tuhwāsih paraméśwara, wěnang pinaka payārgha  Sang Bhūpati, ngimpunakěn jöng Bhūpati, tumūt warahan ta ring paramārtha ning pariwara, hétunyan wruha ri gati-gati ning, karma sanyaṣa, nganūtakěn sadédé singgih paraméśwara”.

Mangkana Ling śrī Déwāntara. Irika rahadyan putrī maněmbah ri suku śrī Yudhīṣṭira, lwir kucup ing Nīlotpala kānginan, pangulyat ing lungayan nira kalih, amatūt raśmi ning liring ira, kaya kumudha turung amědar wangi.

Tataḥ paścat tvidaṃ cittaṃ, Dārśaṇaṃ cāndra ratnabyaṃ, Karé manobhava nibhaṃ, Śāstrajnanaṃ sarasvatī.

katikṣṇan buddhi śrī Dharmātmaja, tumon ayu Dyah Ratna Śaśangka, sakṣat śrī ning śuraloka kahidhěpanya, yan ring kawyākṣara, Sang Hyang Saraśwatī amindha manuṣa ling ira, cěbngěr twas ira śrī Dharmaputra, tumon ri kalistwaywan Dyah Ratna śaśangka, yaya sāmpun pinangkwakěn nira.

Dharmatiḥ tatévaca.

Mawuwus śrī Dharmātmaja: “AUM Bapa śrī Candrabhérawa, haywa kita sangśaya, ri pangahan ta bapa, mami aminta putrīn ta, maka sādhana panūtan ing śiwa Boddha ri kita, padha tan wěnang wiyoga, padha wěnang surup sinurupan, yaya pasanggama ning ātma lawan déwa, himpěr patěmwa ning manah lawan panon, kadi rahina wěngi kalinganya.

Kunang wanéh, pahuwusan pwa kita, madha-madha kadi nāma ning déwata, kaya gatin ta dangū, adyapi taṇḍa mantrin ta kabéh, anūtakěna sanāma ning manuṣa, lawan kawwanganya, sakṣat brāhmatya ngaran ing wwang mangkana, tan siddha maněmu ayu ri pěna, yan ri těka ing pwara, tiněmah dé Sang Hyang Yamadipāti, liněbokéng kawah agni, yaya pati ning wwang salah ujar ngaranya. Kunang kita bapa mangké, pinaka śaraṇa mami, tumūt Mahārāja Kṛṣṇa, amagěhakěn ikang karma sanyaṣa, pinaka yayah réṇa ning jagat”.

Nahang Lng Śrī Dharmaputra. Sévinaḥ dévāntrarésu, Samayaḥ vaca saṅyuktaḥ, Samprītyaṃ déva kātitaṃ, Mama saṅkyaṃ pramajitaṃ.

Maněmbah śrī Candrabhérawa, sakojar nira tinūt. Pira kunang sukha ning wwang amanggih samprīti, yan padha wruhnyéng Aji, sakṣat ātma bāhiścaraṇa idhěpnya, apa padha wruh nira, ri kalingan ing dadi, sāmpun inajöngan dé Mahārāja Kṛṣṇa, akwéh mūrti ning dharmaśāstra, ginopita těkap ira katriṇi, atyanta sukha twas ira śrī Padmanābha, mahyun ta sira marangakěn śrī.

Hastinapati, kinon tang dūta mantukéng Hastinapura, katěkéng Dwārawati, masuruhan paminang sang para ratu sanggha, makādi Sang Baladéwa, Těkéng binyāji kabéh, maka manggla śrī Pañcaliputrī, Sang Hyang-Hyang ing kasatyan. Tan wuwusan ikang kāla, pawarangan nira śrī Yudhīṣṭira, atěmu tangan lawan Dyah Ratna śaśangka.

Rva śrī dharma saṅyuktaḥ, Umaśrutiḥ samāgamāṃ, Dévanaṃ subrataḥ strīyaḥ, Évatvaṃ parikirtitaḥ.

Sakṣat Bhaṭāra Dharma sira, matěmu tangan lawan Bhaṭārī Umaśrutī, Sang Hyang-Hyang ing strī pati brata sira, an Mangkana kottama nira, huwus kinaryang upadhika, kapwa dhatěng binyāji nira kabéh, maka manggala Bhagawān Domya, mwang Bhagawān Kṛpa, iniring dé Sang Para ratu, maka Nāyaka śrī Baladéwa.

Tan wuwusan panamuyan ira, tan kaluban rahina kulěm, swakāra ning pāna matsya, pirāntājinya lawas siréng Déwāntara něgara madandana  ikang wwang ring kana, mangaděgakěna taṇḍa mantri muwah, pinaka babudaṇḍa śrī Candrabhérawa, padha sinungan ajña pralapa saké śrī Hastinapati, mwang gati ning karma sanyaṣa, ikang sinanggah Tri Kāya Pariśuddha, pūrwaka ning wwang ing Déwāntara, magawé Sanggar děngěn, mwang ṣaḍ Kahyangan, yéka padha tankawěnang lěpas, pinaka pakön ing Déwa Yajña, mwang Bhūta Yajña, sāmpurṇa sinung pali-pali, pawětu ning wwang, mwang Pitra Tarpaṇa, tan hana wanya langgana, ri ajña śrī Yudhīṣṭira.

Awiwakṣita rakwa, ri ulih sang ratu, sang pininang kabéh.

Vacyanaṃ cāndrakiranaṃ, Bhajét sakyaṃ Yudhīṣṭiraḥ, Catvārthé pāṇḍavānjaliḥ, Céttat pancali putrinaḥ.

Tucapa Dyah Ratna Śaśangka, satya bhakti ri śrī Yudhiṣṭira, mwang ri Sang Catur Pāṇḍawa mariwara ring śrī Pañcaliputrī.

Sukha twas ira śrī Candrabhérawa, inaděgakěna karatwan nira muwah, dé śrī Hastinapati, sinanggah prabhū Adhi Buddha sira, pinaka ātma rakṣa dé śrī Yudhiṣṭira angdani bhuwana. Tan hilang tatwanakěna, paścat gati ning kawawa.




Beryadnya dengan Sharing

Tak akan Mengurangi Pengetahuan

HALAMAN TERKAIT
Baca Juga